Kamis, 03 Desember 2015
Kasusastran
KASUSASTRAN
ANA 7 PERKORO KANG KALEBU KASUSASTRAN, YOIKI:
1. Paribasan
2. Cangkriman
3. Wangsalan
4. Parikan
5. Tembang
6. Purwakanthi
7. Lagu dolanan
Kasusatran kasebut diRonce siji mboko siji :
A. Paribasan
Paribasan yaoiku ukara/unen-unen sing tegese wantah dudu pe-phindan
Tuladha:
adhang-adhang tetese embun tegese njagagke barang mung sak oleh-olehe
adigang,adigung, adiguno tegese wes ora ono ajine/asor banget
B. Cangkriman
Cangkriman iku unen-unen sing kudu di bedhek (dibatang)
1. Cangkriman Wancah
1. Pakboletus : tipak kebo lelene satus
2. Burmaskopen : Bubur panas kokpen
3. Pindhang Kileng : Sapi neng kandhang , sikil mentheleng
2. Cangkriman Pepindhan
1. Pitek walek sobo neng kebon : nanas
2. urang sapikol matane piro? : ana6 = urang, sapi, kol)
3. Cangkriman wujud Tembang
Pocung
bapak pocung, amung sirah lawan gembung
pahda dikunjara
mati sajroning ngaurip
mijil.. sipocung dadi dahana ,,,tegse ( korek penthol)
C Wangsalan
Wangsalan yaikurumpakan sing saemper cangkriman, nanging tebusane utawa ancase wes dikandhakake pisan
1. Wangsalan sajroning pacelathon.
janur gunung, kadingaren dolan mrene (janur gunung: aren)
2. Wangsalan Edi peni
Ancurkaca , kocak mungguing netra, tegese wong weruh rasa, tan mamak ing tatakrama (ancur kaca: rasa, kocak mungguing netra: (tesmak)
Langganan:
Komentar (Atom)